Monday, September 18, 2006

cerita khas suroboyoan

ini ada cerita2 lucu yg menggunakan bahasa jawa, bahasa jawa timur tepatnya.
orang yg bisa berbahasa jawa, sedikit banyak bisa mengerti kelucuannya, tp yg pernah tinggal di daerah jawa timur, surabaya tepatnya, akan merasakan kembali aura yg sangat kental dan menyengat.



~~~


NGUMBAH KUCING

Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
"Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?" takok Bunali.
"Aku katene ngumbah kucing" jare Wonokairun.
"Gak salah tah Mbah." Bunali bingung.
"Iyo soale kucingku akeh tumane." Jare Wonokairun.
"Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah" Bunali ngilingno.
"Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo" jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
"Yok opo kucing sampeyan Mbah ?" takok Bunali.
"Kucingku mati " jare Wonokairun.
"Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo" jare Bunali nyeneni.
"Kucingku mati gak mergo rinso" jare Wonokairun njelasno.
"Opoko lho ??" Bunali gak sabar.
"Tak peres . . . ."





~~~





PURIK

Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik tv, moro-moro bojone ngeriwuki
"Cak, lampu terase pedhot, tulung pasangno sing anyar po'o".
"Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki PLN tah...!!! " jare Sumar
muring-muring.
"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung benakno kran banyu ndhik jeding
po'o cak, eman banyune amber-amber" takok bojone maneh.
"Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki PDAM tah ...!!! " jare Sumar ambek
menteleng.
"Lengo gase yo entek pisan cak, lek sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno
pisan po'o cak.."
"Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon kiro aku iki PERTAMINA tah ..!!! "
Sumar tambah mangkel.
Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat nontok bal-balan ndhik omah
koncone.
Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding
banyune yo wis gak amber maneh.
Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing nulungi.
"Ngene lo cak, mari sampeyan minggat mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng teko. De'e takok opoko kok nangis. Aku yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku entek, bojoku purik. Lha de'e nawakno kate nulungi cumak onok sarate.... " bojone cerito.
"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.
"Sarate iku aku isok milih, nggawekno roti utowo nglencer karo de'e " jare
bojone.
"Lha terus kon nggawekno roti opo..? " Sumar takok maneh.
"Nggawekno roti ?!!!. Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!..."




~~~





JIN

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit
asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole
dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.
"Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti," jare
jine.
"Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan
sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki
ambek jin" jare Kayat.
"Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin
apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh.
"Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku
kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe
Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
"Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?" jare jine.
"Saiki .... aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange." jarene Kayat.
"Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-moro Kayat wis nang
njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.
"Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing
temenan cik gak getun" jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk,"Aku kepingin kulitku malih
putih wudho dirubung wong wedhok akeh".
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.
Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis
dhadhi tahu. . .

2 Komentar:

Pada 26 September, 2006, Anonymous Anonymous berkata...

"asli.. simbah moco nganti ngekek ...kekekekek...:))"

 
Pada 27 September, 2006, Anonymous Anonymous berkata...

"ati2 mbah engko keselek"

 

Post a Comment

<< Home